-
Guru gatra : wilangan larik/gatra saben
padha
-
Guru wilangan : jumlah wanda saben
gatra
-
Guru lagu : tibane swara wanda ing
pungkasaning gatra.
Urut-urutaning
tembang macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka bayi abang nganti
tumekaning pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutaning tembangmacapat :
1. Maskumambang
Watak : susah, nelangsa
Ngambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune,
sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa
wadon, Kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Uripa piter samubarang kardi
Saking ibu rama
Ing batin saking Hyang Widhi
Mulane wajib sinembah
2. Mijil
Watak : ngarep-arep, nglangut
Ateges wis lair lan wis cetha lanang/wadon.
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Siro uga satriya arane
Kudu antheng jatmika ing budhi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
3. Sinom
Watak : seneng, lincah, renyah
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati
kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Samangsane pasamuwan
Mamangun marta martini
Sinambi sing saben mangsa
Kala kalaning asepi
Lelana teka teki
Nggayuh geyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra
4. Kinanthi
Watak : seneng, tresna asih, mituturo, nuladhani
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun
supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya.
Kinanthi sujanma idhup
Mardi mardaweng palupi
Tama tumanem mrih bisa
Sesulange janma nguni
Winuruk ing tapa brata
Tatane wirid puniki
5. Asmarandhana
Watak : trenyuh, sengsem
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita
lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi
Sing wiku ngandika aris
Lah iya padha muliha
Anakmu iku kaluwen
Yen urah nggonira mangan
Gawanen pilihana
Ikang enek ing sakelarmu
Yen luwe maning balia
6. Gambuh
Watak : grapyak, sumanak
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh
/ sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
Pitutur bener iku
Sayektine pantes lamun tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki
Lamun becik tuturipun
Iku pantes sira anggo
7. Dandhanggula
Watak : endah, wibawa
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang
digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/bojo, duwe anak, urip cukup
kanggo sak kaluwarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa
diarani lagu ndandanggula.
Utaman wong tinitah urip
Den abisa angeneki manah
Marang sapadha-padhane
Pepandene lumuwuh
Angakehna panggawe becik
Luwes manis ing basa
Basuki ing tembung
Bungaha kang padha myarsa
Gegulangen ing siang pan tara ratri
Ciptanen ing wardaya
8. Durma
Watak : brangasangalak, sereng
Saka tembung darma/weweh. Wong sing wis rumangsa
kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang
lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin weweh marang
sapadha-padha.
Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing baban priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati-ati
Sakeh dirgama
Singgahana den anglis
9. Pangkur
Watak : ikhlas, lila legawa
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka.
Deduga lawan prayoga
Myang watarareringa aja lali
Iku parabot satuhu
Tan kenatininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap menenga nendra
Duga duganora-nori
10. Megatruh
Watak : kentekan pangarep-arep, susah
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis
titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Njeng pangeran dipikul ana ing tandhu
Nanging pijer ora eling
Sawise adoh lan mungsuh
Lan wi ora nguwatiri
Padha lerena alon-alon
11. Pocung
Watak : sembrana
Yen wis dadi mayit banjur dibungkus mori putih utawa
dipocong sak durunge dikubur.
Bapak pocung among sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijibakasi pocung dadi dahana
Ing ngisor iki perangane tembang macapat lan pathokane.
Macapat
|
Guru
gatra
|
Guru
wilangan
|
Guru
lagu
|
Maskumambang
|
4
|
12,
6, 8, 8
|
i,
a, i, a, a
|
Mijil
|
6
|
10,
6, 10, 10, 6, 6
|
i,
o, e, i, i ,u
|
Sinom
|
9
|
8,
8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
a,
i, a, i, i, u ,a ,i, a
|
Kinanthi
|
6
|
8,
8, 8, 8, 8, 8, 8
|
u,
i, a, i, a, i
|
Asmarandana
|
7
|
8,
8, 8, 8, 7, 8, 8
|
a,
i, e, a, a, u, a
|
Gambuh
|
5
|
7,
10, 12, 8, 8
|
u,
u, i, u, o
|
Dhandhanggula
|
10
|
10,
10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i,
a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
|
Durma
|
7
|
12,
7, 6, 7, 8, 5, 7
|
a,
i, a, a, i, a, i
|
Pangkur
|
7
|
8,
11, 8, 7, 12, 8, 8
|
a,
i, u, a, u, a, i
|
Megatruh
|
4
|
12,
8, 8, 8,9
|
u,
i, u, i, o
|
Pucung
|
4
|
12,
6, 8, 12
|
u,
a, i, a
|