Anoman Duta
Anoman anak dewa, sekti mandraguna
awujud kethek putih. Dheweke suwita marang Prabu Rama Wijaya. Suwithane
ditampa, jalaran sang Rama Wijaya Pancen butuh satriya digdaya kanggo mbengkas
durangkara.
Sawijining dina, Anoman dinuta dening
Prabu Rama Wijaya supaya ngawat-awati garwane kang diculik dening Prabu
Rahwana. Garwane Prabu Rama Wijaya jenenge Dewi Sinta. Dene Prabu Rahwana ratu
Negara Ngalengka, ratu awujud buta, kebak durangkara.
Prabu Rahwana ndhusta Dewi Sinta kanthi
laku culika. Dewi Sinta digawa menyang Negara Ngalengka arep didadekne
prameswari. Mesthi bae Prabu Rama Wijaya duka banget.
“Kaki Anoman, jeneng sira dakutus
ngulati ngawat-awati garwku Dewi Sinta kang dinusta Rahwana raja ana Ngalengka.
Apa sira saguh?” pandangune Rama Wijaya marang Anoman.
“Minangka tetenger dutaningwang, jeneng
sira dakgawani kalpika, aturna marang garwaku dewi Sinta lan kandha marang
garwaku Dewi Sinta lan kandha menawa jenengingsun terus nglacak lan ngupadi,
aja sumelang!”
“Nuwun inggih, kanthi pangestu paduka,
kula nyuwun wekdhal sadinten sadalu, Gusti.”
“sedina sawengi kowe saguh ngerteni
kahanane garwaku, kaki anoman?”
“Inggih Gusti!”
“aja kesuwen, wis ndang budhala dakpangestoni!”
Sawise nampa ali-ali, Anoman banjur
budhal menyang Negara Ngalengka. Bawane satriya sekti linulih, lungane Anoman
ora jumangkah nganggo sikil, nanging sarana ngambah dirgantara. Ora antara
suwe, anoman wis tekan ana Negara Ngalengka. Dheweke njujug ana taman keputren
kanthi mindhik-mindhik.
Tekan taman keputren, Anoman bingung
jalaran during tau weruh dewi Sinta. Nuju ing wektu iku ing taman keputren
Anoman weruh ana sawijining putrid ayu kang dilipur dening abdine. Anoman mara
nyedhaki kanthi sesingidan. Dheweke nguping apa kang dirembung antarane putrid
lan embane. Kahanane nrenyuhake banget, abdine katon lehe bersit, resik, lan
macak. Dene sang putrid katon banget sungkawaning panggalihe. Awake kuru,
pucet, rambute gembel sajak ora tau kambon sisir.
“Gusti Putri, kula pun Trijatha, sowan
caos dhaharan. Mangga ta Gusti, kula aturi dhahar!” ature sang emban.
“Trijatha, aku ora luwe. Wis selehna ana
kana bae, Trijatha!”
“Menawi paduka boten kersa dhahar,
mangke gerah Gusti!”
“ya ben lara. Aku luwih becik mati
tinimbang dipek bojo karo gustimu, Trijatha.”
Ora ngerti sangkan parane, dumadakan
njedhul pawongan apengawak buta nganggo busana keprabon.
“E, lha dalah . . ., Sinta . . . Sinta,
mangana ya, mangana, ben ora kuru awakmu!” mangkana unine, swarane jumlegur
banter kaya bledheg mangsa ketiga. Anoman saka papan pandhelikan dadi ngerti
menawa sang dewi kuwi jenenge Dewi Sinta, garwane Prabu Rama Wijaya kang lagi
digoleki.
“Rahwanaraja, ora sudi aku mangan pangananmu.
Luwih becik aku mati ngalub, tinimbang aku mbokpulasara. Becike balekna bae aku
marang garwaku Kangmas Rama Wijaya!”
“He Sinta, sedina rong dina, sewulan rong wulan,
kowe dakalusi, aku isih sabar. Nanging yen terus-terusan kaya mangkene, klakon
dakpateni, Sinta!”
“Dhuh Gusti Prabu, . . . tiyang dereng lilih
manahipun, sampun dipunkasari Gusti, mangke mindhak boten sae!” panyelane
Trijatha.
“Karepmu priye, Trijatha?”
“Panjenengan kula aturi kondur dhateng kedhaton
rumiyin, dene kusumaning ayu Dewi Sinta kula lelipuripun kersanipun lilih.
Menawi sampun lilih, lha rak ingkang sakeca paduka!”
“Ngana, ya Trijatha! Ya wis aku manut, lilihna
gusti putrimu, Trijatha!”
Bubar ngucap kaya mangkana Prabu Rahwana banjur
cengkelak nglungani papan kana. Salungane Prabu Rahwana, Anoman banjur nyedhak
Dewi Sinta. Trijatha kaget. Tanpa sangkan peran ngerti-ngerti jleg, ing
sangarepe ana kethek putih mere-mere.
“He, kethek putih, kowe sapa?” pitakone marang
Anoman.
“Kula pun Anoman. Kula dutanipun Prabu Rama
Wijaya,” badhe manggihi ingkang garwa pun Dewi Sinta.
Sakala Dewi Sinta thukul pangarep-arepe bias
bali kumpul maneh karo garwane.
“Mengko ta kethek putih, jenengmu sapa, kowe
saka ngendi? Dakpirengake mau kowe kandha menawa dadi dutaning Kangmas Rama
Wijaya, apa bener kethek putih?”
“ksinggihan kusumaning ayu. Kula pun Anoman.
Kula dinuta dening junjungan kula Gusti Rama Wijaya supados ngawat-awati
kawontenan paduka. Pinangka tanda bukti bilih kula punika dutaning sang Rama,
kula kautus ngaturaken kalpika menika,” ature Anoman karo ngulungake ali-ali
marang Dewi Sinta. Dewi Sinta trenyuh banget penggalihe.
“Banjur apa wae pangandikane, Kaki Anoman?”
“Paduka sampun was sumelang, Gusti kula pun
Prabu Rama Wijaya badhe terus ngupadi lan mbudi daya amrih saged kempal malih
kaliyan paduka, Dewi.”
“Ngono Kaki Anoman, iki dakgawani ali-aliku
pinangka tandha menawa kowe wis kasilketemu kalawan aku, Anoman!” kandha
mangkana Dewi Sinta karo ngulungake ali-aline. Nalika Anoman wis nampa ali-ali,
dumadakan njedhul buta loro. Ngerti kahanan kaya mangkana anoman nuli
dirangket. Anoman mung manut bae. Dheweke kepingen njajal kasektene ratu
Ngalengka.
Bareng Anoman disowanake marang Prabu Rahwana,
Anoman dipatrapi ukum obong. Awake sing dirangket kuwi ditumpuki kayu ana
tengah alun-alun, banjur diobong. Nanging Anoman sekti linuwih. Sanadyan
diobong, dheweke ora ngrasakne panasing geni, malah nyandhak kayu kang wis
kobong sabanjure digunakake ngobong kraton Ngalengka. Ngalengka kobongan,
omah-omah ya akeh kang entuk kalut kobong. Sakejaping netra kraton Ngalengka
dadi karang abang. Poyang-payingan polahe warga Ngalengka golek slamet. Salah
tunjang rebut dhisik, empet-empetan, tabrakan, lan akeh kang nemahi tiwas.
Sabanjure Anoman bali menyang papan panggone Rama Wijaya ngaturake ali-aline
Dewi Sinta.